Atur
Prawacana
Alhamdulillah, puji
syukur mugi tansah katetepaken dhumateng Gusti Allah ingkang Maha Agung ingkang
sampun paring rahmat, hidayah saha
inayahipun sahengga makalah babagan “Tembang Dolanan Minangka Salah
Satunggaling Wujud Karya Sastra” punika saged paripurna saking wekdal ingkang
dipuntemtokaken. Makalah babagan “Tembang Dolanan Minangka Salah Satunggaling
Wujud Karya Sastra” punika kasusun kagem njangkepi tugas mata kuliah Nyerat
Karya Ilmiah”.
Boten kesupen sholawat
saha salam mugi tansah katetepaken dhumateng junjungan kita Nabi Agung Muhammad
Saw ingkang kita ajeng-ajengaken syafaatipun wonten ing akhirat sakpunika.
Boten kesupen ugi sedaya panyusun
ngaturaken aguning panuwun dhumateng :
1.
Ibu Prof. Dr. Dra. Suharti, M.Hum
pinangka Dosen mata kuliah Busana Jawa ingkang sampun paring bimbingan saha
saran sahengga makalah punika saged paripurna saking wekdal ingkang
dipuntemtokaken.
2.
Tiyang sepuh ingkang sampun paring
dukugan moral saha material wontening panyusunan makalah punika.
Sedaya panyusun nyadari
lan mangertosi bilih wonten ing panyusunan makalah punika taksih tebih saking
sampurna, awit saking panyusunanipun, basanipu, utawi pnyeratanipun. Awit
saking punika pramila sedaya panyusun nyuwun panyruwe saha pramayogi ingkang
tansah ngantu-antu.
Yogyakarta, 30 Mei 2017
Panyusun
Daftar isi
i.
Atur
Prawacana.....................................................1
ii.
Daftar
Isi...............................................................2
BAB
I Pambuka
Dasaring
Panaliten ................................................3-4
Undheraning
Perkawis...........................................4
Ancas.....................................................................4
BAB
II Gegaran
teori........................................................5
BAB
III Wosing Panaliten
1. Pangertosan
tembang dolanan........................6-7
2. Jinising
tembang dolanan...............................7-8
3. Tuladha
saha nilai filosofi saking tembang
dolanan.........................................................9-12
BAB
IV Dudutan...............................................................13
iii.
Kapustakaan........................................................14
BAB
I
PAMBUKA
1. Dasaring
panaliten
Saksampunipun mangertos teges sastra ingkang
umum, kita saged mangertos teges sastra anak saha kados pundi sastra ingkang leres
lan becik kangge lare-lare. Sakperangan wonten pandangon babagan sastra ingkang
dipunandharaken kados ta :
Pandangon kaping pisan ngandharaken
bilih sastra anak tumuju namung kangge lare-lare kemawon. Gadhah teges bilih
saged dipuntingali saking basa saha pengantar
ingkang nyerat, menika terang-terangan ngandharaken sastra ingkang dipunserat
kangge lare-lare. Boten namung saking menika kemawon, ananging ugi saged
dipuntingali saking media ingkang ngemot , tuladhanipun majalah lare-lare (bobo, ananda, lsp).
Ingkang kaping kalih ngandharaken bilih
sastra anak menika ngemot babagan cariyos lare-lare. Wos saking cariyos inggih
menika babagan kawruh, raos saha pengalaman saking lare-lare.(Huck, et al,
1987:5). Lare menika boten remen kaliyan cariyos inkang ngemot babagan nostalgia saha katresnan amargi boten
trep kaliyan karakteripun lare-lare. Lare remen kaliyan cariyos futuristik , amargi cariyos menika
ngemot babagan cita-cita, pengalaman, saha cariyos fiksi trep kaliyan karakteripun.
Ingkang kaping tiga, sastra anak inggih
menika ingkang dipuserat piyambak kaliyan lare-lare. Dipunwastani mekaten
adhedhasar namung lare-lare ingkang saged mratelakaken pengalaman, raos, saha
penggalihipun kanthi jujur.
Kaping sekawan, pandangon ingkang
ngandharaken bilih sastra bocah menika sastra ngemot babagan nilai moral lan
pendidikan, dipunginakaken kangge ngrembakakake pribadi lare-lare supados saged
dados masyarakat ingkang gadhah mora saha adap.
Jinising karya sastra anak menika
kathah, salah satunggaling inggih menika “Tembang Dolanan”. Andhedasar menika
ing makalah dipunrembag keging menapa tembang dolanan dados salah satunggaling
jinising sastra anak.
2. Undheraning
perkawis
2.1
Menapa ingkang dipunwastani tembang dolanan?
2.2
Menapa
kemawon jinising temban dolanan ?
2.3
Kados pundi tuladha saha nilai filosofi saking
tembang dolanan?
3. Ancas
3.1
Mangertos ingkang dipunwastani tembang
dolanan.
3.2
Mangertos jinising temban dolanan.
3.3
Mangertos tuladha saha nilai filosofi
saking tembang dolanan.
BAB II
Gegaran Teori
Sastra saking basa sansekerta, sas ingkng gadhah makna “ ngajar , caos
pitedah”, -tra nunjukaken alat kangge
ngajar. Saged dipundudut bilih sastra menika alat kangge nunjukakaen, pitedah
tuladhanipun silpasastra, buku
arsitekektur : kamasutra” buku
pitedah babgan kasmaran” (A.Teeuw,1984: 25).
Sastra inggih
menika ungkapan saking fakta artistik saha
imajinatif minangka manifestasi
pagesangan manungsa. (Mursal Esteen, 1978:29).
Sastra ugi gadhah teges wujud
saking asiling pakaryan seni kreatif ingkang objekipun manungsa saha
pagesangan, pagesanganipun ngginakaken basa minangka jembatan sosial anggenipun
gesang. (Semi, 1988: 8). Sastra menika asling tiruan saking kasunyataan
(Mimesis). Karya sastra kedah tuladha saking alam semesta saha model ksunyatan,
awit saking menika nilai sastra rendah saha adoh saking ide( Plato). Sastra
minagka kagiatan , awujud agama, kawruh saha filsafat.( Aristoteles).
BAB III
Wosing Panaliten
1. Pangertosan Tembang Dolanan
Tembang dolanan inggih menika reriptan gagrak enggal
ingkang boten ngginakaken paugeran gatra, guru lagu, guru wilangan, lan dhong
dhing. Biyasanipun dipuntembangake dening lare-lare alit, tuladhanipun wonten
ing desa sinambi dolanan barengan kanca-kanca sinambi dipuniringi kaliyan
gendhing. Lumntar tembang kala wau lare-lare dipuntepangake kaliyan kewan,
tethukulan, tetanduran, lingkungan lam, lsp. Kadhang kala tembang ugi
dipuntembangake dening waranggana jroning swasana tinamtu kaya ta ing pagelaran
ringgit wacucal.
Tembang dolanan basa Jawa kangge sarana ngisi wekdal
ingkang luang lan sarana komunikasi ingkang ngemot pesan moral. Tembang dolanan
trep kaliyan karakter lare-lare, amargi trep kaliyan ngrembakaning jiwa anak
remen dolanan. Dr Suharko Kasaran, (Ketua Komisi Nasional Budi Pekerti)
ngandharaken bilih anak ingkang kirang dibina saha kirang anggenipun caos
pendidikan budi pekerti , ing umur 14 taun anak menika cenderung brutal.
Pembinaan saha pendidikan budi pekerti ingkang kirang menika nuwuhaken tawuran
, pelecehan seksual, lsp (wawanrembag
Bultin siyang RCTI, 11 Mei 1999).
Sipat lagu dolanan menika didaktis lan sosial,(Riyadi, wonten ing Djaka Lodang , 5 Agustus
1989). Didaktis inggih menika
nedahaken bilih tembang dolanan ngemot
babagan pendidikan, dipunandharaken langsung ing lirik tembang utawa
ingkang dipunadharaken tersirat ing perumpamaan utawi analogi. Salah
satunggaling keahlian tiyang Jawi damel maneka warni ajaran kanthi bebasan.
Sosial gadhah teges menawi tembang dolanan saged dados jembatan kangge jalin
hubungan sosial anak saha nuwuhaken sipat-sipat sosial.
Tembang dolanan anak menika gadhah
sipat ingkang mirungan. Dipunwastani mirungan amargi beda kaliyan tembang Jawa
sanesipun. Tembang dolanan anak menika lisan Jawa , inggih menika nyanyian
rakyat (Dadanadjaja, 1985:19). Tembang dolanan anak gadhah paugeran(Sarwono,
dkk 1995:19) inggih menika :
1. Basa
ingkang prasaja.
2. Cengkok
ingkang prasaja.
3. Jumlah
gatra ingkang prasaja.
4. Ngemot
sakperangan perkawis ingkang trep kaliyan kondidi anak.
Lirik ing tembang dolanan gadhah makan
tersirat kadosta makna religius, sesarengan, kebangsaan, saha nilai estetis.
Lare-lare menika awujud kadang muda ingkang daos penerus bangsa. Bilih saking
lare-lare menika sampun kelangan karakter saha boten gadhah budi pekerti
ingkang becik, bangsa Indonesia bakal kelangan jatidiri saha karakter bangsa
ingkang luhur.
Generasi penerus menika kedah gadhah
raos bombong saha jiwa pahlawn kangge ngadhepi masalah. Dipunwiwiti kanthi
gadhah raos duweni, saha sneneg kaoyan budaya bangsa piyambak. Tembang dolanan
minangka warisan nenek moyang ingakng gadhah nilai-nilai luhur wajib
dipunlestantunaken.
2.
Jinising
tembang dolanan.
Tembang dolanan
kaperang dados kalih, inggih menika :
a. Tembang
dolanan gagrag lawas.
Tembang dolanan gagrag lawas inggih
menika temang dolanan ngkang boten dipunmagertosi sinten ingkang ngripta,
sipatipun klasik, lan lagunipun gadhah makna ingkang susah ditebak. Biyasanipun
tembang dolanan dipuncripta sampun dangu, sakderengipun taun 1900-an. Tuladha
tembang dolanan gagrag lawa inggih menika :
-gundul-gundul pacul
-pendhisil
-Wajibe Dadi Murid
-Jaranan
-Lir-ilir
-Cublak-cublak suweng
-Aku Duwe Pitik
-Sinten Numpak Sepur
-Menthog-Menthog dsb.
b. Tembang dolanan gagrag anyar.
Tembang
dolanan gagrag anyar inggih menika tembang dolanan ingkang sipatipun awujud
kreasi anyar, gampang ditebak, saha ingkang ngripta jelas. Tuladha tembang
dolanan gagrag anyar inggih menika :
-
(Kaya Ki Narto Sabdo) Gugur Gunung, Lumung Desa, Tahu-tahu Tempe, Jamu Jawa, Gula Klapa.
-
(Karya Ki Anom Suroto) Solo Berseri dan
Mas Sopir
- (Karya Sarwanto, S. Kar) Wonogiri Sukses, dsb.
3. Tuladha saha nilai filosofi saking
tembang dolanan.
Saking data pikantuk bilih tembang dolanan basa jawa
gadhah mkana utawi nilai budi pekerti, religius, sesarengan, mandiri, boten
sombong, saha intropeksi diri. Diandharaken
kirang langkung mekaten :
·
Tembang dolanan ingkang ngemot nilai
budi pekerti, religius :
a.
SLUKU-SLUKU BATOK
Sluku-sluku bathok
Bathoke ela-elo
sluku bathok
Bathoke ela-elo
Si Rama menyang Solo
Oleh-olehe payung motha
Mak jenthit lolo lobah
Wong mati ora obah
Nek obah medeni bocah
Nek urip goleka dhuwit.
Tembang
dolanan “sluku-sluku bathok” gadhah makna :
Goyangke sirah
Gelengake sirah
Bapak tindak ing Solo
Oleh-olehe payung motha
Tiba-tiba obah
Tiyang seda boten obah
Yen obah medeni bocah
Yen urip goleko duwit
Manungsa
kedah ngresiki batin kanthi dedonga saha dzikir eling marang Gusti Allah,
kanthi ngelengake sirah donga kanthi ngucap
laa illa ha illallah rikala bungah utawi susah, rikala pikantuk musibah
kedah nerima, urip mati manungsa wonten ing Gusti, amerga menika kedah
nindakaken kebajikan kaliyan sesami, ngibadah kaliyan Gusti, menawi badhe
nyabut nyawa boten wonten tiyang ingkang saged ngaling-ngalingi.
b.
Ilir-Ilir
Lir-ilir, lir-ilir
Tandure wus sumilir
Tak ijo royo-royo
Tak sengguh temanten anyar
Cah angon, cah angon
Penekno blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekno
Kanggo mbasuh dodotiro
Dodotiro, dodoiro
Kumitir bedah ing pinggir
Dondomono, jlumatono
Kanggo sebo mengko sore
Mumpung padhang rembulane
Mumpung jembar kalangane
Yo sorako, sorak iyo!!
Tembang
dolanan “Ilir-Ilir” gadhah makna :
Tangia tangia
Tanduran wis muncul
Ijo tenan
Bocah angon, bocah angon
Penekeno uwit blimbing kuwi
Lunyu ananging tetep penekna
Kangge basuh sandanganmu
Suwek ing bagian pinggir
Jaitna , benakna
Kangge mengko sore
Mumpung rembulane cumlorot
Mumpung ana wektu sela
Soraka sorak horee
Kita
minangka tiyang manungsa kedah tangi saking
keterpurukan kangge nebalake iman lan
kedah ngupiya supados bagya. Anak gembala mendhet blimbing dipunibaratake
printah lima wektu. Dipun upiya kanthi temnanan ngayahi rukun islam menapa
kemawon ingkang dadaos alanganipun. Wondene kaya ta sandangan ingkang suwek
kana kene ananging kita kedah terus benerake , kaya ta iman ingkang kadang
medhun kedah dipuntebalake malih.
c.
Padhang Bulan
Yo prakanca dolanan ing njaba
Padhang mbulan padhangé kaya rina
Rembulané kang ngawé-awé
Ngélikaké aja turu soré-soré
Tembang
dolanan “Padhang Bulan” gadhah makna :
Ayo kanca-kanca padha dolanan ing njaba
Cahya rembulan terang
Rembulan kaya ngawe-awe tangane
Ngelengake supados boten turu sore
Kita kedah gadhah raos sukur marang Gusti ingkang maha
kuaos kangge nikmati kaendahan alam. Kangge nwuwuhaken raos sukur kita kedah
boten turu sore supados mangkih saged njalani ibadah wengi.
·
Tembang dolanan basa ngemot budi
pekerti, saged dipuntingali saking :
a. Jaranan
Jaranan- jaranan, jarane jaran teji
Sing numpak ndoro bei
sing ngiring para mentri
Jeg-jeg nong, jreg-jreg gung
Jeg-jeg gedebuk krincing
Gedebug jedher
Gedebug krincing
Jeg-jeg gedebuk jedher
Tembang dolanan “Jaranan” gadhah makna budi pekerti ingkang
tersirat , inggih menika :
1. Sesarengan
Lirik “sing numpak
ndara bei sing ngiring para mentri” , wonten ing lirik menika kasirat bilih
wonten sesarengan antawispun majikan kaliyan rewang. Saling biyantu siji lan
sijine.
2. Ngurmati
kaliyan ingkang langkung dhuwur drajatipun.
Budaya Jawa
nganndharaken bilih, tiyang ingkang gadhah derajat rendah kedah ngurmati tiyang
ingkang gadhah derajat langkung dhuwur. Menika saged katingal saking lirik
tembang ndara Bei, ndara Bei menika kangge tiyang ingkang ningrat. Tugas saking
para menteri ngawal. Budi pekerti kedah jelas dipuntanemakaen.
b. MENTHOK-MENTHOK
Menthok-menthok tak kandhani
Mung solahmu angisin-isini
Bokya aja ndheprok
Ana kandhang wae
Enak-enak ngorok
Ora nyambut gawe
Methok-menthok
Mung lakumu megal-megol gawe guyu
Tembang
dolanan menthok-menthok gadhah makna bilih dados tiyang menika edha intropeksi
, boten pareng sombong, lsp. Boten pareng malesan , kangge urip menika kedah
ngupiya kanthi temenanan.
BAB IV
Panutup
Jinising
sastra menika kathah, tembang dolanan menika salah satunggaling wujud karya
sastra. Tembang dolanan ingigih menika karya sastra lisan. Tembang dolanan
kaperang dados kalih, inggih menika tembang dolanan gagrag anyar saha ingkang
lawas. Boten namung kaperang dados kalih , ananging tembang dolanan gadhah
makna ingkang tersirat saha makna langsung. Saben lirik tembang dolanan gadhah
makna budi pekerti, makna pendidikan , lsp. Saking tembang dolanan kita saged
ngajari lare-lare supados mangerti budaya bangsa piyambak.
Kapustakaan
A.Teuww.1984. Sastra Dan Ilmu Sastra. Jakarta: Dunia
Pustaka Jaya
Ki demang.com : Kongres
Bahasa Jawa 5

VAtur

Tidak ada komentar:
Posting Komentar