Rabu, 29 Maret 2017

TUGAS NYERAT KARYA ILMIAH (KAMIS, 23 MARET 2017)
TIARA NUR KHASANAH 15205244010
DWI LARASATI 15205244016
1.  Teks kanthi irah-irahan “Bukan Uang Tapi Waktu” menika boten saged kasebat teks ilmiah ingkang sae, ananging kirang sae.
Titikanipun :
            1) Boten ngemot sipat lugas,
Wonten ing teks kanthi irah-irahan “Bukan Uang Tapi Waktu” , ukaranipun ngambra-ambra, boten  ilmiah. Amargi wonten teks badhe ngandharaken arta langkung wigati tinimbang wekdal ananging boten langsung tumuju wonten pokokipun. Saged dipunpirsani ing paragraf 1 :
Manakah yang Anda pilih uang atau waktu? Membaca buku ini mungkin akan mengubah mindset berpikir Anda semua. Jelas pilihan yang sulit, uang tentu penting namun ternyata setelah dipahami benar, nyatanya waktu malah lebih penting. Mengapa demikian? Satu detik berlalu tidak akan pernah kembali lagi pada Anda. Ini mutlak hukum alam yang tidak dapat dibantah. Hingga kini pun ilmu pengetahuan san peradaban manusia, belum mampu mengembalikan waktu yang telah berlalu san hilang itu.”
2) Gramatikal :
            Saking tata basanipun Jejer Wasesa Lesan boten katingal, kados ta :
“ Tetapi tidak sesederhana itu, mengingat dimensi waktu dan kehidupan itu saling terkait dan pararel.”
3)  Sakperangan wonten ingkang boten ngginakaken ukara ingkang efektif kadosta :
·         “ Jelas pilihan yang sulit, uang tentu penting namun ternyata setelah dipahami benar, nyatanya waktu malah lebih penting.
(Wonten ing ukara menika ukaranipun boten efektif, wonten tembung malah ingkang sinaosa sagd dipunicali).
·         “ Hingga kini pun ilmu pengetahuan dan peradaban manusia, belum mampu mengembalikan waktu yang telah berlalu dan hilang it.”
·         “ Bisa dibayangkan waktu teramat sangat berharga dalam kisah film “Time”.

2. Teks ilmiah anyar miturut cengkok kita piyambak :

Tetandingan antawisipun Arta kaliyan Wekdal

Arta inggih menika sakperangan ingkang wigati kangge pagesanganipun manungsa. Sejatosipun arta menika boten saestu wigati, amargi arta boten saged maringi sedaya ingkang kita betahaken. Kaya ta kasus ingkang kadadean ing Jawa Timur, wonten kasus penipuan Kiai Kanjeng  ingkang ngapusi tiyang bilih saged nuwuhaken arta sekedhik dados kathah. Saking kasus Kiai Kanjeng saged dipundhudhut menawi manungsa taksih nindakaken maneka warna cara supados pikanthuk arta. Kiai kanjeng ing pungkasaning boten saged mulya, ananging piyambakipun pikanthuk wewales saking tumindhakipun inggih menika dikunjara. Kasus menika mratelakaken bilih taksih wonten perangan ingkang langkung wigati tinimbang arta.
Wekdal inggih menika sakperangan ingkang langkung wigati tinimbang arta. Manungsa ingkang sampun nglampahi satunggal kadadosan boten saged wangsul  ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Kados ta tiyang menawi nindhakake kalepatan wonten salah sawijining perkawis boten saged ambali perkawis kala wau kangge ndadosaken langkung sae malih.
Ing jaman sakmenika, saged dipuntingali saking transportasi. Cakcakanipun saged katingal nalika kita pados transportasi. Efisien  menawi kita pados transportasi ingkang saged cepet saengga wekdal boten ical mekaten kemawon. Tuladhanipun nalika badhe pados transportasi kangge mudik, kita saged migunakaken trasnportasi awujud kreta. Awit saking milih kreta kangge transportasi wekdal kita saged efisien. Tetandingan nalika kita milih transportasi awujud mobil, wekdal boten efisien saha betahaken arta kathah. Dipunsebat boten efisien amargi ing margi asring macet. Awit saking menika saged dipundhudhut menawi kita badhe nindhakaken salah sawijining perkawis kedah ngatosaken wekdal.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar