TUGAS
NYERAT KARYA ILMIAH (KAMIS, 23 MARET 2017)
TIARA
NUR KHASANAH 15205244010
DWI
LARASATI 15205244016
1. Teks kanthi irah-irahan “Bukan Uang Tapi
Waktu” menika boten saged kasebat teks ilmiah ingkang sae, ananging kirang sae.
Titikanipun
:
1) Boten ngemot sipat lugas,
Wonten
ing teks kanthi irah-irahan “Bukan Uang Tapi Waktu” , ukaranipun ngambra-ambra,
boten ilmiah. Amargi wonten teks badhe
ngandharaken arta langkung wigati tinimbang wekdal ananging boten langsung
tumuju wonten pokokipun. Saged dipunpirsani ing paragraf 1 :
“Manakah
yang Anda pilih uang atau waktu? Membaca buku ini mungkin akan mengubah mindset berpikir Anda semua. Jelas
pilihan yang sulit, uang tentu penting namun ternyata setelah dipahami benar,
nyatanya waktu malah lebih penting. Mengapa demikian? Satu detik berlalu tidak
akan pernah kembali lagi pada Anda. Ini mutlak hukum alam yang tidak dapat
dibantah. Hingga kini pun ilmu pengetahuan san peradaban manusia, belum mampu
mengembalikan waktu yang telah berlalu san hilang itu.”
2) Gramatikal :
Saking tata basanipun Jejer Wasesa Lesan boten katingal,
kados ta :
“ Tetapi
tidak sesederhana itu, mengingat dimensi waktu dan kehidupan itu saling terkait
dan pararel.”
3) Sakperangan wonten ingkang boten ngginakaken
ukara ingkang efektif kadosta :
·
“ Jelas pilihan yang sulit, uang tentu penting
namun ternyata setelah dipahami benar, nyatanya waktu malah lebih penting.
(Wonten
ing ukara menika ukaranipun boten efektif, wonten tembung malah ingkang sinaosa
sagd dipunicali).
·
“ Hingga kini pun ilmu pengetahuan dan peradaban manusia, belum
mampu mengembalikan waktu yang telah berlalu dan hilang it.”
·
“ Bisa dibayangkan waktu teramat sangat berharga
dalam kisah film “Time”.
2. Teks ilmiah anyar miturut cengkok kita
piyambak :
Tetandingan antawisipun Arta kaliyan Wekdal
Arta inggih menika
sakperangan ingkang wigati kangge pagesanganipun manungsa. Sejatosipun arta
menika boten saestu wigati, amargi arta boten saged maringi sedaya ingkang kita
betahaken. Kaya ta kasus ingkang kadadean ing Jawa Timur, wonten kasus penipuan Kiai Kanjeng ingkang ngapusi tiyang bilih saged nuwuhaken
arta sekedhik dados kathah. Saking kasus Kiai Kanjeng saged dipundhudhut menawi
manungsa taksih nindakaken maneka warna cara supados pikanthuk arta. Kiai
kanjeng ing pungkasaning boten saged mulya, ananging piyambakipun pikanthuk
wewales saking tumindhakipun inggih menika dikunjara. Kasus menika mratelakaken
bilih taksih wonten perangan ingkang langkung wigati tinimbang arta.
Wekdal inggih menika
sakperangan ingkang langkung wigati tinimbang arta. Manungsa ingkang sampun
nglampahi satunggal kadadosan boten saged wangsul ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Kados
ta tiyang menawi nindhakake kalepatan wonten salah sawijining perkawis boten
saged ambali perkawis kala wau kangge ndadosaken langkung sae malih.
Ing jaman sakmenika, saged
dipuntingali saking transportasi. Cakcakanipun
saged katingal nalika kita pados transportasi.
Efisien
menawi kita pados transportasi
ingkang saged cepet saengga wekdal boten ical mekaten kemawon. Tuladhanipun
nalika badhe pados transportasi kangge mudik, kita saged migunakaken
trasnportasi awujud kreta. Awit saking milih kreta kangge transportasi wekdal
kita saged efisien. Tetandingan
nalika kita milih transportasi awujud
mobil, wekdal boten efisien saha betahaken arta kathah. Dipunsebat boten efisien amargi ing margi asring macet. Awit
saking menika saged dipundhudhut menawi kita badhe nindhakaken salah sawijining
perkawis kedah ngatosaken wekdal.